Jumat, 23 September 2011



Melati wayah esuk

Nyeyet asrep, nyengkut, nyenggut klawan klangut
endahing enjing ginawa bayu ayem
wangine melati wanci esuk
dadi dinoku kang kebak manah gumbregah
jentike srengenge wis nyenggol kuping
nggugah ati ngancani ngupoyo upo

Melati putih uwis padha mekar
katon kaya druwang durung ginambar
wangine wanci esuk paring pangarep-arep kabungahan
dino iki musti kalangkung endah lan bungah 
dino iku musti kebak anugrah lan berkah
nggandeng ati ngliwati dalan nguber rejeki

Melati samsaya arum
paring eling manembah 
paring emut ngucap konjuging syukur
dumatheng Ingkang Maha Kuwaos
sing wis menehi kalonggaran wanci
kanggo ndandani laku lan tumindak
sopo sing ngerti, yen dino iki pungkasaning urip ing ndoya?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar