Sabtu, 02 Juli 2011

NGINGU ATI

   Ngingu ati

Rikala wayah sore, 
manuk-manuk wis padha bali menyang susuhe
kepodang cacah loro, isih padha gegojekan
pating sliwer, pating cruwit
ndadekake ati setitik ayem
angin mbidig nggawa atis
raga samsaya abot mudhun saka bale pring apus
alon-alon srengenge mlorot mengulon
ndelik sakburine punggunge argo
jendela lan lawan wus padha nutup
ngingu sepi, nggawa adhem ing ati
iline banyu ngliwati talang pring apus
mili alon samsaya nglangut
tangan loro ngukup kanggo raup
rasa nglaras rai ayep
kinjeng abang mabur ing ngarep mripat
nambah bombongan ati
yen dino esuk mesti bakal luwih apik karo dino iki
langkung bungah, langkung kathah anugerah
ngingu ucap syukur marang 
Sing Gawe Urip

Tidak ada komentar:

Posting Komentar