Jumat, 08 Juli 2011

Kembang Wayah Sore

Srengenge alon lumaku mangulon
katon kuning ing sapucuke godhong krambil sinom
kembang wayah sore nggrumbul tengahing tegalan
kanggo ngeyup puyuh bubar playonan
oyak-oyakan karo kancane

Satengahing angin mbidig radha nyengkut
ditandani semine kembang pelem
kanthi ayem manuk emprit lan prenjak
pathing kemriyek bungah
pathing sumliwer nyamber kinjeng lan bandempo
sak dhuwure kembang wayah sore
sing siji loro ngatonake wangine wayah sore

Samsaya alon surup katon prepet
manjing sajroning wiwit wengi
jangkrik tata-tata nyepakake swara
kanggo ngacani kembang wayah sore
sing ndelikake wangine ganda
samsaya tentrem lan ayem
sesuk bakal ketemu maneh
klawan kembang wayah sore
kanthi pengarep-arep
kalangkung endah tinimbang dino iki


Tidak ada komentar:

Posting Komentar