Mas Muji bocah solo:
Melati wayah esuk
Nyeyet asrep, nyengkut, nyeng...: Melati wayah esuk Nyeyet asrep, nyengkut, nyenggut klawan klangut endahing enjing ginawa bayu ayem wangine melati wanci esuk da...
Jumat, 23 September 2011
Melati wayah esuk
Nyeyet asrep, nyengkut, nyenggut klawan klangut
endahing enjing ginawa bayu ayem
wangine melati wanci esuk
dadi dinoku kang kebak manah gumbregah
jentike srengenge wis nyenggol kuping
nggugah ati ngancani ngupoyo upo
Melati putih uwis padha mekar
katon kaya druwang durung ginambar
wangine wanci esuk paring pangarep-arep kabungahan
dino iki musti kalangkung endah lan bungah
dino iku musti kebak anugrah lan berkah
nggandeng ati ngliwati dalan nguber rejeki
Melati samsaya arum
paring eling manembah
paring emut ngucap konjuging syukur
dumatheng Ingkang Maha Kuwaos
sing wis menehi kalonggaran wanci
kanggo ndandani laku lan tumindak
sopo sing ngerti, yen dino iki pungkasaning urip ing ndoya?
Langganan:
Komentar (Atom)

