Melu Angin
Angin mbidig alon, nggawa rasa anteng
kembang jambu sing ora pathi legi pada gogrok
putih kuning lembut wangine ora sepiroa
nanging bisa manjing sajroning raga
nggawa kamulyan ing ngisore
Angin mbidig samsaya alon
srengenge esuk wus lumaku sapojoke wetan
katon branang
manuk emprit padha sumruwit
rayahan kinjeng lan bandempo
kabeh bungah lang kekidungan
mbukakake ati marang
Kang Kuwaos
Angin tambah mbidig tanpa swara
ora bisa muspraake panase wayah
wit-witan tansah mrajak
gegodhongan pating gogrok
manuk kuntul samsaya mangadoh
golek tunggul sing bisa ngeyupi
mabur satengahing sesawahan
kintir melu angin
![]() |
| Bandempo |


