Selasa, 28 Juni 2011

Nggugah Wayah

Wayah, ora umume wong podho nyekel nggawe
tangine playon balapan karo swarane jago
ndisiki tangine srengenge
nggoleki isine lathi
nguber tentreme manah

Swara manuk greja, sing ora pathi nglaras
amarga tilang, podang, kacer, prenjak
wus padha musno, tanpa katon tibane wulune
rasa panas, sanajan bulan awan durung ndelik
wayah, sing wus ora bisa tak kiro-kiro 

Tembang bocah dolanan, wus ora koyo wayah winginane
akeh pitutur lan piwulang
akeh bebrayan lang jagongan
saiki tembange wus angel nggugah wayah
 

Kangen ayem



Galengan sawah
wis suwe ora nyawang
playon ing sak dawane galengan
sak kesele, nganti kepleset nyemplung neng sawah
gluprut gupak blethok, nangin atiku roso ayem

Nyawan sing podho nandur
runtut, bebarengan gotong royong
sinambi geguyonan, ora mikir polah tingkahe pejabat
raine sumringah katon ayem

Ora krasa surup 
angin sumilir anteng, kupu, walang, kepik pathing sumliwer
playon ngenteake wayah
srengenge samsaya mangulon
tengahing sawah sepi, tentrem .... lan ayem